Sabtu, 01 Oktober 2011

Sya’ir Jawa karangan Cak Asy’ari

Sya’ir Jawa karangan Cak Asy’ari


MURCO
Kandeking Aliring Ndriyo
Suci Terang Nitis Kaswargan
Sumendhal Pendhut Pethan
Tan Sebowo Ginowo Cahyo
Diri Kalendran King Paran Aran
Sadermo Tanpo Doyo Popo
Runtut Mung Manut
Katebah Ndadak Erah Lahir
Sumilir Ing Aliring Suksmo
Mapan Katuntun Kafan
King Nirwono Arum Wangi
Lawon Memplak KAbopong Asto
Pasrah Ngadek Tanciganak
Gagah Nrimo Pejah
Kaku Ndadak Pesthening Pesthi
Tantinudho Wekdal Kedheping Netro
Sumendhe Dhepe Dhepe
Hing Tulusing Gonyho
Pasrah Iman Soho Taqwo
Swargi Dunugi Margi Klanggengan
Swasono Kasantosan

]

GULUG
Tekad Iktikading Kawulo
Mulyo Sinandhing Pinujineng Cenderomoto
Adedasar Syiar Giyaring Agami
Sadermo Aminotogo Murni
Nedak Tuhon Gugoning Leluhur
Aminongko Nerus Labuh Labeting Amanah
Punkawedaring Garis Fitrahing Titis
Condro Sengkolo EKO KAPRAPAT  TRISULANING DEWI RUQYATI
Sepindah Pepaesing Purnomo Susila
Kakalih Weninging Pituduh
Katigo Puntitahing Pinujo
Tuwin Lamun Kaprapat Tombo Waluyoning Jati
Jebu I Sabregodo Sakrabad Mawon
Tanliyan Hanenggih Wusono
 Kasaring Wigatos Purnomo
Weninging Titah Mangayu Jatining Waluyo
Sesami Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar