Kamis, 08 September 2011

Gulug

Gulug
Karya : Asy'ari

Tekad Iktikading  Kawulo
Mulyo Sinandhing Pinujineng Cenderomoto
Adedasar Syiar Giyaring Agami
Sadermo Amitogomo Murni
Nedak Tuhon Gugoning Leluhur
Aminongko Nerus Labuh Labeting Amanah
Punkawedaring Garis Fitrahing Titis
Condro Sengkolo EKO KEPRAPAT TRISULANING DEWI RUQYATI
Sepindah Pepaesing Purnomo Susila
Kakalih Weninging Pituduh
Katigo Puntitahing Pinujo
Tuwin Lamun Kaprapat Tombo Waluyoning Jati
Jebu I Sabregodo Sakrabad Mawon
Tanliyan Hanenggih Wusono Kasaring Wigatos Purnomo
Weninging Titah Mangayu Jatining Waluyo Sesami
Amin
Amin
Amin
Hoo Pengerane Sedanten Alam Royo

Murco

MURCO
Karya : Asy'ari

Kandeking Aliring Ndriyo
Suci Terang Nitis Kaswargan
Sumendhal Pedhut Pethak
Tan Sebowo Ginowo Cahyo
Diri Kalendran King Paran Aran
Sadermo Tanpo Doyo Popo
Runtung Mung Manut
Katebah Ndadak Erah Lahir
Sumilir Ing Aliring Suksmo
Mapan Katuntun Kafan
King Nirwono Arum Wangi
Lawon Memplak Kabopong Asto
Pasrah Ngadek Tanciganak
Gagah Prakoso Nrimo Pejah
Kaku Ndadak Pesthening Pesthi
Tantinudho Wekdal Kedheping Netro
Sumendhe Dhepe Dhepe
Hing Tulusing Gontho
Pasrah Iman Soho Taqwo
Swargi Dumugi Margi Kalanggengan
Swasono Kasantosan